Postingan

RANGKUMAN BUKU BAHASA JAWA 5

SANG PANGERAN PATI  Suryo Baskoro yaiku pria kang duweni pasuryan bagus, pideksa, pinter, andap asor, pinter sesrawungan, lan pinter gawe ati para wanita luluh. Dheweke dadi wakil ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo kang dadi ketuane, amarga perusahaan kui kagungan Rama Broto Kusumo. Surya Baskoro dipercoyo dadi wakil amarga bisa gawe perusahaane maju, Suryo orang nyiakake pekerjaane lan Surya wes dianggep anakke dewe. Marang kanca kancane kantore Surya disebut pangeran Pati amarga apa wae tugas kang diwenehake bakal beres. Surya kagungan progam kerja kang gawe perusahaan rama Broto luwih apik, nanging saka progam anyar kui tindak culika, Surya dimadakan dadi miliyader amarga nampa cek saka Kanwil Mardi Putro deweke diparingi cek 50 yuto amarga tindak culika marang perusahaane. Surya ora nduwe konflik batin, sebarenge dheweke dadi miliyader malah sisihan atine Surthikanti ilang saka regeman amarga keputusane Suryono kang wus tau ngina Sury...

RANGKUMAN BUKU BAHASA JAWA 4

SERAT RIYANTA           Ana ing sawijining dino, punika Serat Riyanta kecarios ing nagari Surakarta ana priyantun luhur, asmanipun pangeran Notosewojo. Pangeran kasebut kagungan putra asmanipun mas Riyanta. Wiwit mas Riyanta umur enem taun, dheweke ditinggal seda kaliyan ramanipun. Banjur ramanipun seda, dheweke dirawat kaliyan ibunipun. Dados, raden mas Riyanta sanget dipun tresnani dening ibunipun.        Menawi sampun pitung taun dheweke dipindahkake ing Semarang lan dirawat kaliyan pamanipun, asmane yaiku raden mas Tondowidjojo. Sawise ing mriko dheweke terdidik amarga pamanne, dados nduweni polah kang becik, lan bagus rupanipun. Ibue remen kagungan putra setunggal kang becik bebudine, lan dheweke nuruti sakkabehipun katurutan mas Riyanta.           Menawi umurepun sampun kaleh dasa dheweke mboten kagungan istri kang ditresnani. Ibune khawatir, dheweke ngeng...

RANGKUMAN BUKU BAHASA JAWA 2

MISTERI GUNUNG BROMO         Jaman mbiyen nalika dewa isih seneng mudun marang dunia kayangan, Kerajaan Majapahit lagi kena serangan saka daerah daerah. Wektu iku warga lan para dewa bingung lan tumindhak ing sekitare Gunung Bromo. Gunung Bromo isih tenang, Ing panggonan kui bisa weruh Srengenge munggah saka wetan lan kulon. Dewa semayan ing sekitare Gunung Pananjakan lan ana panggonan kanggo pertapa. Pertapa kui saben dinane muji lan ngening cipta. Sawijine dina sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang. Raine ganteng, cahyane terang, tandae yen anake lair saka titisan jiwa sing suci. Banjure lair anake kui wis bisa ngetokake suara seru, sehat, kuat luar biasa. Bayi kui diasmani Joko Seger.        Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu iku ana anak wadon sing ayu saka titisan dewa, wektu iku diasmani Rara Anteng amarga waya lairan mboten nangis. Amarga Rara Anteng ayu putera raja akeh sing ngelamar ...

RANGKUMAN BUKU BAHASA JAWA 3

KANCIL LAN BUAYA           Ana ig sawijining dino, kancil ing pinggir kali. Dheweke lagi sengsara amarga luwe. Kancil iku mau arep njupuk mentimun, nanging timun sing ditandur kuwi ana ing sebrang kali. Kancil wes ngelus-elus wetenge sing lagi luwe kui.  "Wadhuh, bisa mati luwe nek ngene iki terus”, ugeme kancil karo ngelus elus wetenge sing katon cilik merga ora ana isine. “Woh-wohan semene akehe kok yo ming timun thok sing gabug. Sial.. jan tenan siale”, batine kancil saya mangkel atine. Kancil kui ana ing cedhak wit randhu, lan ketemu si kelinci. Kelinci ngendika yen arep ngewangi kancane yaiku Kancil. "Lho, Cil, ana apa kowe kok katon leme", kelinci ngaruh-aruhi kancil. "Apa durung mangan kowe Cil", kelinci nerusake takon.  "Wis ketok lemes kaya ngene kok malah ditakoni wis mangan apa durung. Ngece kowe!!". Kelinci kaget. Dheweke ora ngira yen jawabane kancil malah dadi nesu. Kelinci tetep sabar.  "Iki ...

RINGKASAN BUKU BAHASA JAWA

Gambar
RATU ADIL            Ratu adil yoiku manungso kang ora kagungan netra, ora kagungan talingan lan ora kagungan grana. Upama kewan kae, ana kang panyawang utawa pangrungu apa maneh panggandane sing tajem, nanging kewan kasebut bisa tetep nggegegi uripe. Bareng nelendra teka wuta, budheg lan ora bisa ngganda apa-apa kuwi olehe duwe sebutan "Ratu Adil".  " Cacad raga ora mesthi dadi pepalang kanggo nggayuh kaluhuraning bebuden, Le! Buktine, Ratu Adil mau ndarbeni ambeg adil paramart berbudi bawa leksana. Kang temahane negarane dadi tata tentrem kerta raharja", Tandhese Simbah Putri. " Nek  ngunu Ratu Adil kuwi duwe puruhita sing apik-apik ya, mbah. Yaiku pra sarjana sujana wicaksana kang mumpuni ing salwiring reh lan guna pangawikan. Saengga para puruhita kang saben dinane tansah ngupengi Ratu Adil kuwi katemahan bisa dadi netra, talingan lan granane," Sumambungku gagap-gagap.  Putune Simbah Putri kala mau sing d...