RANGKUMAN BUKU BAHASA JAWA 3

KANCIL LAN BUAYA 
         Ana ig sawijining dino, kancil ing pinggir kali. Dheweke lagi sengsara amarga luwe. Kancil iku mau arep njupuk mentimun, nanging timun sing ditandur kuwi ana ing sebrang kali. Kancil wes ngelus-elus wetenge sing lagi luwe kui. 
"Wadhuh, bisa mati luwe nek ngene iki terus”, ugeme kancil karo ngelus elus wetenge sing katon cilik merga ora ana isine.
“Woh-wohan semene akehe kok yo ming timun thok sing gabug. Sial.. jan tenan siale”, batine kancil saya mangkel atine.
Kancil kui ana ing cedhak wit randhu, lan ketemu si kelinci. Kelinci ngendika yen arep ngewangi kancane yaiku Kancil.
"Lho, Cil, ana apa kowe kok katon leme", kelinci ngaruh-aruhi kancil.
"Apa durung mangan kowe Cil", kelinci nerusake takon. 
"Wis ketok lemes kaya ngene kok malah ditakoni wis mangan apa durung. Ngece kowe!!". Kelinci kaget. Dheweke ora ngira yen jawabane kancil malah dadi nesu. Kelinci tetep sabar. 
"Iki mesthi ana apa-apa", batine kelinci. 
"Aku njaluk ngapura ya Cil, yen aku ana salah. Aku ora ngerti nek kowe saiki lagi ana masalah. Mbok crita karo aku, sapa ngerti aku bisa nulungi", kelinci ngomong alus karo nyedhaki kancil. 
Banjur kelinci wero yen critane kaya kuwi, Kelinci wenehi weroh panggonane mantimun mau. Kancil nge- iyoi ngendikane kelinci. Wetenge kancil wes 'krucuk..krucuk..krucuk..' banjur dheweke budal arep nyebrangi kali. Nanging kali kui ana buaya sing lagi luwe, pada kaya kancil. Kancil ora wedi, banjur ngapusi buaya yen ana acara minggu ngarep ( pesta makan ). Buaya percoyo yen pesta makan kuwi ana. Kancil nduwe ide, buaya lan kanca-kancane kui dikongkon jejer bebarengan. Sawise buaya kui percoyo, dheweke jejer-jejer ngibarat jembatan sing arep dadi dalan kanggo si Kancil nyebrangi kali. Buaya ngongkon Kancil ben luwih cepet ngitung dheweke lan kancane kanggo lungo ning pesta minggu ngarep.
"1..2..3..4..5..6.."Itungane kancil karo nglewati punggunge buaya.
Sakwise diitung, Kancil banjur mlayu, amarga ora tahan karo luwene kui. Kancil ngebut arep njupuk mentimun sing dikandani kancane. Sakwise Kancil berhasil nyebrangi kali kui, kewan liya marani lan ngendikani marang buaya yen pesta kui diadakake minggu kepungkur. Buaya ngeroso yen dheweke kenek bujuk si Kancil, banjur weroh yen dibujuki Kancil dheweke ngamuk karo Kancil. Nanging Kancil wes berhasil ngapusi buaya.

Pe'piling/ Amanat :
1. Ojo dadi wong kang gampang percoyo / gampang diapusi
2. Duweni watak kang teges lan pinter 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

RINGKASAN BUKU BAHASA JAWA

RANGKUMAN BUKU BAHASA JAWA 2

RANGKUMAN BUKU BAHASA JAWA 4