RINGKASAN BUKU BAHASA JAWA
Ratu adil yoiku manungso kang ora kagungan netra, ora kagungan talingan lan ora kagungan grana. Upama kewan kae, ana kang panyawang utawa pangrungu apa maneh panggandane sing tajem, nanging kewan kasebut bisa tetep nggegegi uripe. Bareng nelendra teka wuta, budheg lan ora bisa ngganda apa-apa kuwi olehe duwe sebutan "Ratu Adil".
" Cacad raga ora mesthi dadi pepalang kanggo nggayuh kaluhuraning bebuden, Le! Buktine, Ratu Adil mau ndarbeni ambeg adil paramart berbudi bawa leksana. Kang temahane negarane dadi tata tentrem kerta raharja", Tandhese Simbah Putri.
" Nek ngunu Ratu Adil kuwi duwe puruhita sing apik-apik ya, mbah. Yaiku pra sarjana sujana wicaksana kang mumpuni ing salwiring reh lan guna pangawikan. Saengga para puruhita kang saben dinane tansah ngupengi Ratu Adil kuwi katemahan bisa dadi netra, talingan lan granane," Sumambungku gagap-gagap.
Putune Simbah Putri kala mau sing dateng Fakultas pendidikan bahasa lan seni, badhe miyak misteri ing sakwalike Ratu Adil.
" ora mbiyen, ora saiki, Le!. wong wong ing sakupenge raja kuwi kang nemtokake lakune tata paprentahan. Mula sawijining raja kudu tetep jejeg jumeneng ing setengahe adil lan bebener. Amrih wong-wonge raja mau ora benceng ceweng, omong sepenake nggugu karepe dhewe dhewe. Kang tundhone gawe kisruh, gedhene bisa dadi winih tuwuhe era-eru." Balese Simbah.
Putune simbah wes di resemi lan ngendikane benr. Awit sinau saka critone wayang babad utawa sejarah kuwi padha wae karo nyinaoni tingkah laku lan kepemimpinan menungso. Ana paribahasan, '' 'Rusake kawula saka rusake pemimpin. Iwak kae bosoke saka endhas, ora saka buntut'.
Simbah putri ngendika yen Ratu Adil duwe gegaran 3 perkara yaiku: Asih mring kawula dasih, tegese ora wedi nandukake asih marang para kawulane, Ora butuh moncer, ora melik wah. Kang pungkasan, ora rumangsa dadi wong nomer siji. Lan prasaja.
Ratu Adil jumedhule salebare jaman kala bendu, kang candrane pundhak sinumpet, kesampar kesandhung. Kuwi raden Amisan kang terus jelujuk Sultan Heracuka lan ngedhaton ing Sonyareka. Ratu Adil digayutake karo kanjeng Dipanegara utowo bung karno.
Putune Simbah kala mau banjur turu lan rak sengojo ngimpi ala yen ketemon kalian Ratu Adil.
" Waw!! Ratu Adil" panglocitake bareng weruh bleger wujude paraga mau. Priyagung gagah pidegsa ngrasuk busana kanalendran lan bareng tak premanakake panyawange, kanyata yen ora kagungan netro, talingan lan grana. Putune simbah mimpi yen barisan prajurit mau tumuli mrawasa dheneke.Tumbak, pedhang, gada lan sapiturute crap-crap, dhas-dhes, bag-bug namani awake sakujur.
" lho panjenengan menika rak Ratu Adil ?!kenging menapa panjenengan mrawasa tiyang tanpa dosa dadoskula?!."
"oh,hooo..! Aku rak 'wong nomer siji' kang weneng nemtokake abang birune kahanan lan nemtokake begjo cilakamu!" ujare Ratu Adil.
Krungu pratelane kang mangkono mau, sakeplasan aku banjur kilingan marang gegaran 3 perkara Ratu Adil. Nanging kuwi mung ngimpi ala, sawise ngimpi banjur di tangikno dening Simbah.
DENING : SRI ADI HARJONO
Pe'piling / amanat :
- Aja nilai wong sangking ngajeng utowo pribadine (fisik), nanging saka atine ( kepemimpinan, perilaku ).
- Aja duweni sikap kang kudu nomer siji (mentingake dirine dewe).
- Duweni sikap kang teges, pinter, adil, becik bebudine lan bela rakyat.
Komentar
Posting Komentar